KUE CUCUR
KUE CUCUR
Cucur kuikue utawa jajanan
tradisional saka kawasan Asia Tenggara, kalebu Indonesia,Malaysia,lan Thailand
Selatan. Ing Indonesia kue cucur bisa ditemukake ana ing saben pasar
tradisional. Kue cucur ing Indonesia khususe wilayah Jakarta kalebu panganan adat
sing wajib dihidangke ing upacara adat Betawi.
Kue
cucur iku wujude bunder,gepeng lan tengahe rada ‘njembluk’ serta pinggire
garing lan ora rata. Kue cucur warnane coklat amarga dicampuri gula jawa.
Didelok saka njaba kue mau katon kilong-kilong amargo saka prosese sing
digoreng.
Kue
cucur iku rasane manis,gurih,lan legit. Pas dibuka tekstur tengahe luwih kandel
lan katon kaya bolong-bolong. Kue cucur digawe saka : 125 gr glepung beras, 30
gr glepung terigu,125 gr gula jawa, ¼ sdt uyah,sak lembar godhong pandan, 230
ml banyu, lan minyak goreng secukupe.
Kue cucur iki gampang digawe. Cara
kaping pisan : godhok gula jawa, banyu , lan godhong pandan nganti gulane
nyampur. Angkat lan saring, banjur dinengke tekan anget. Kaping pindho, ing
njerone wadah campuren glepung beras, glepung terigu,lan uyah. Kudhek tekan
rata banjur tuangen godhokan gula jawa ingkang wis disaring mau, teka sitik
banjur diuleni tekan lunyu. Kaping telu, digepuk-gepuk adonane kanthi
nglembung, kurangluwih 30 menitan. Sakwise iku adonan dinengke 1 jam lan
pungkasane minyak goreng dipanaske banjur leboke saksendok sayur adonan.
Siram-siram minyak panas ana ing tengah kue cucur. Sakwise garing pinggirane
diwalik sedilo banjur diangkat lan ditirisake.
Ayo
para kanca lan sedulur padha bebarengan nglestarikake panganankue cucur. Amarga
bahan – bahan kang dinggo gawe gampang diluru lan cara gawene uga gampang. Yen
dudu awake dewe sing nglestarikake, sapa maneh ?.




Komentar
Posting Komentar